UNIKNYA SDN 2 TERAS PERINGATI HARI KARTINI 2025

Gambar
  Teras, 21 April 2025 — SDN 2 Teras menggelar peringatan Hari Kartini dengan penuh semangat dan antusiasme. Kegiatan ini menjadi momen istimewa untuk menumbuhkan rasa cinta tanah air dan menghargai perjuangan R.A. Kartini dalam memperjuangkan hak-hak perempuan Indonesia. Acara dimulai sejak pagi dengan pelaksanaan upacara bendera yang diikuti oleh seluruh siswa, dan guru. Dalam upacara tersebut, disampaikan pesan tentang pentingnya semangat Kartini yang harus terus hidup di hati generasi muda, khususnya dalam hal pendidikan dan kesetaraan. Yang membuat suasana semakin meriah, seluruh guru dan siswa mengenakan pakaian adat dari berbagai daerah di Indonesia. Warna-warni kain tradisional dan keindahan busana daerah memberikan nuansa kebhinekaan yang sangat kental, sejalan dengan semangat Kartini yang memperjuangkan persatuan dan kemajuan perempuan tanpa membedakan latar belakang. Setelah upacara, acara dilanjutkan dengan fashion show yang melibatkan seluruh siswa dari kelas 1 hingga ...

Cerita Cekak : Bocah Balapan Motor



Ing jaman saiki akeh bocah ciliki sing wis padha isoh numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang umure sawelas tahun lan lungguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake numpak motor, saiki dadi kebiasaane Aji len dolan-dolan mesti nganggo motor.Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku uwong sing  wis duweni SIM utawa “Surat Ijin Mengemudi”.

Ing wayah sore, kancane Aji sing jenenge Fatih mara ning omahe . “ Ji, aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah. “ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.Let sadela, ana suara pating gadebuk kaya ana lindhu teka dirasake Fatih. “Wah,,,, lagi teka, ngopa ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih.“He.. he.. he… lagi wae madang eeenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji. “ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas PR sekolah wIs mbok rampungke durung Ji ? “ pitakone Fatih.“Uwes rampung ,, aman.

Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji. “Mergo tugase wes rampung, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes, gelem ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir. “Ayo,, sapa seng wedi !! paling koe sing kalah” ‘Wehh, aja sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg… tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget. “Siap rung tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan. “Siap ji.” Jawabe Fatih “Siji…. Loro….. telu….”Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan. Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongka ana bakul pentol ing lawan arah. Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.” Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada numplak  kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet. “Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku numplak kabeh, terus piye lek ngeneki ?” omongane bakul pentol karo nesu.“Kulo nyuwun ngapunten Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden. “Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes numplak kabeh. Kowe kudu ngijoli duit” “Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab.

 

Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,” panyuwune Aji.Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak mau.

Sakwise kedadean  kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter maneh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Membangun Semangat Keimanan Siswa, SDN 2 Teras Gelar Pesantren Kilat Ramadhan 1446 H

PENTINGNYA PENDIDIKAN KARAKTER DI SEKOLAH DASAR